Nongol maning anggrek e lur, ning ya kue sing agi ngembang mung sejenis tok.
sing liyane isih pada isin ngembang, ngerti arep tek potret palinga ya hehehehehe.
ya sedulur sory kepeksane mung sejenis baen ya fotone ora ana werna liyane,
sing diaplot kiye jenenge anggrek Vanda Douglas.
Anggrek jenis vanda douglas gampang banget nandure, mung di ketok terus di tancepna nang lemah wis ngono tok isa tukul.
Ning ya kue jenenge anggrek kudu disirami lur aja nganti telat, ora usah di iyub-iyubi nganggo paranet.
malah apik kena sinar srenggenge langsung, ora wedi garing.
Akeh jenise loh anggrek tanah lur, ning nang omahku mung ana 3 jenis tok.
be sing ngembang mung sejenis, ndean ngesuk nek entuk SBD akeh tek kulakan anggrek maning.
njaluk dongane lur wkwkwkwkwkwkw
nek ana sing minat arep mbibit maring omahku, ngomong baen karo biyungku bibite rega pira wkwkwkwkwkwk.
dodolan lur ora gratisan hehehehehe, nek anggrek tanah murah ko ora larang :)
sekian sit lur, sambung seri liyane ngesuke maning......
Para sedulur kebumenian aja kelalen saling dukung ya
aja kelalen nganggo #kebumen
wis isa basa ngapak durung :P
ngo mbekayune kabare kopie endi kiye? hehehehehe
terus ngo bot edian deneng rika siki medit banget, votemu siki ora ana regane :P