Mau bengi pas muleh kerjo, ning protelon aku ngerti enek kucing anakan mlaku nengah ndalan. Padal dalane lagi rame. Aku langsung ngendeke motorku ning tengah ndalan. Trus tak jupuk kucinge. Tak inggirke.
Gambare soko Google
Let sedelok, aku diceluk wong numpak mobil. Ngandhani mbok e nggoleki. Tak pikir ki sing nduwe. Ealah tibakno mbok e kucing. Akhir e kucinge sing tak gowo tak terke nyebrang. Ketok mbok e kucing bingung nggoleki anak e. Bar tak cedhake, anake trus dicokot gulune. Di gowo lungo. Alhamdulillah.
Aku soale tau ngerti enek kucing anakan ngono kui mlaku nengah ndalan trus keplindes mobil. Duh. Mesake tenan.
Ati2 ya ning ndalan.
Suwun yooo.