Nek rika mung arep blajar nulis, blas ora ngarep-ngarep gajian, nganah maring kompasiana apa neng blog.
Neng kene kie ggone wong ngode, pakhal. Sing wis suwe neng kene be...... apamaning nyong rika nembe gawe akun, ya anu pada kepengin pakhal. Mung sing degembor-gemborna "kie jejaring sosial, bla bla bla.."
Aja isin aja canggung, nyong rika teka ngeneh anu arep pakhal. Golet sing kena degolet. Golet go sangu brayan urip.
Aja ngandel tulisanku ya waa. anu lagi kebet ngising. piis.
Nek rajin nulis, gelem sinau terus tulisane madan patut, NDEAN KAYANE kasile ya lumayan akeh.
Ya pokoke dewek debebasna arep model apa bae ulih, asal dudu hasil copas + isu sara.
Maen ora maene tulisan, kabeh mau ndeleng sapa sing ngevote. Nek sing ngevote bleketir kaya rika, ya kasile nol koma nol... wkwkw
Wis ya semene bae. Kena go tamba ngantuk.
Aja klalen kopine desruput. serr.