Matine Srengene
Tekane wengi sing dadi petenge nalar seseke ati
Mbarengi lungamu nem wulan wingi
Ora pamit ora bali
Nggawa kartu kredit, ATM lan Surat Gadai
Sing ditinggal kur bocah bayi, susonmu
Nangis nggereng ora meneng kelangan pangan ora nampa gendongan
Wis nem wulan srengenge tek sawang karo ngayut-ayut, esuk dadi sore
Wengi dadi awan
 Ngerti-ngerti ana jenengmu nang kertas Undangan
Arep sesandingan karo juragan semangka, umure tuaÂ
Bayi susonmu tek sengi
Nemoni biyunge ben bisa nyekseni
Ijabmu sing nglarani ati
Kiye wujud kondanganku meng sliramu sing pungkasan
Ora niat gawe laramu
Merga mbalekna bocah maring biyunge
---
Agus Mursalin, Waruamba, 6-9-2018
Lingkar Sastra Gombong (Lisong)