TANGI ESUK NGULET
Eeeeehhhggggg.........
Ngulet
Aaaaaauuuuummmm
Angop
Ggrrroookkkk......grok....sssss
Ngorok maning
Urip nang alam donya
Paling enak pas tangi esuk terus ngulet
Otot kaku sadi lemes
Awak kesel dadi bregas
Ning
Aja mlungker narik kemul turu maning
Gumregah tangi nyambut kardi
Anane wong pada demo nang dalan
Guru ana sing ngantemi muride
Bojo pegatan utawa duwe simpenan
Ekonomi ora bagus
Rega dolar duwur
Lan liya-liyane
Aja-aja sebabe pada kurang ngulet gole tangi esuk
Pikiran be padha karo awak
Pikiran uga butuh pelepasan
Aja tegang bae
Butuh ngulet
Keluarga butuh ngulet
Masyarakat butuh ngulet
Negara uga butuh ngulet
Dunia uga butuh ngulet
Kowe uga butuh ngulet
Eeeeeeegghgggghhhh
Ngulet maning
---
Basukine, Gombong 2018
Lingkar Sastra Gombong (Lisong)