Giyeh, nyong lagi demen nongkrong nang mburitan omah, sing akeh tanduran anggrek dudu ngonanku kabeh sih, paling akeh ngone biyungku hehehehehe
bagian pisanan nyong ngaplot anggrek oncidium e sit ya.
mung ya kue sayange akeh sing durung ngembang, anggrek oncidium rata-rata kembange cilik-cilik lah mung sebenik. Ning ana sing gede juga ning wong jeneng hobi ya kudu di dadekna koleksi, iya tuli :)
kiye jenis oncidium sharry baby , percaya apa ora...ambune wangi loh
nek sing kiye jenise oncidium brassia, maen loh nyong paling demen
jan-janne isih ana maning jenis oncidium liyane, ning lagi pada durung kembang semisal oncidium golden shower wingi durung ngembang isih kuncup.
wis kue sit sing seri oncidium ya... ngesuk maning jenis liya ne
Para sedulur kebumenian aja kelalen saling dukung ya
aja kelalen #kebumen aja ilang ya
sing ora ketinggalan aja segen-segen belajar ngapak ya wkwkwkwkwkw :P
oh ya mbak nyong siki lagi males ngambar mengko nek lagi mood maning hehehehehe
terus ngo bot edian mampir ngeneh ben rame :P