Udan-udan ngene iki ndelalah ono bakul kacang godhok lewat ngarepan omah. Mau tak celuk. Tak tukoni nggo cemilan konco ngopi. Wayah ngene iki memang rodok repot. Udan terus hawane mangan tok.
Kacang ki mau aku mbungkus 2 pincuk kertas kae. Paling sediluk yo wes entek. Meneh disambi ngobrol ngalor ngidul. 5 menit ludesss.
Awak kadang yo nggregesi. Udan panas udan panas. Gak enek lerene. Makane kudu nguati maem karo vitamin. Ben iso makaryo. Eman-eman nek awake loro.
Jogo kesehatan ya nggo konco kabeh.
Suwun wes mampir.